Pages

Subscribe:

Ads 468x60px

Sunday, January 20, 2013

.......SUMELEH....

'Mring wengi...anglalar sepi
Sun alelagon....nitip mring angin
Angin kan tansah kekancan...
Nadyan atis....tan saya atis...

Iki aku.....
Kang tansah sinepi.....lelagon tangis
Rasa asih kan makantar-kantar
Nana tan pulih...sembulih

Sopo aku...sopo sira..wong bagus..
Mung tresna sih...setya tuhu
Mung ana tangis...pangangen-angen
Sopo aku....sopo sira

Sira ..kang mangulak-ulak dunungmu..
Kekancan esem..sinuka cita
Alelagon...joged...mesem pepaesing donya
Nanging ......sopo aku...

Aku...kang karang padesan dunungku
Tansah kekancan sepi....tangis raina wengi..
Lan tresna sih...setya tuhu..
Nana pulih..sembulih..

Dudu...dudu..wong bagus..
Dudu simpangan iki kang dak tangisi
Dudu mekaring katresnan kang dadi ati
Dudu....dudu...

Mung pitakon kang nana semaur
Mung rubedan kan tansah gegudo
Lan aku...rumangsa kalah..
Rumangsa salah...

Dak rasa dewe kuciwa....tangisku..
Geneya aku rumangsa wanci
Sumeleh marang kang kudu
Sumeleh....wus sumeleh

Iki aku ...
Kang tansah sinepi...lelagon tangis
Kekancan angin atis.....tan saya atis.....


Malang,20 Januari 2013(Niandut)



0 comments:

Post a Comment