Pages

Subscribe:

Ads 468x60px

Saturday, February 2, 2013

..Yen (ndadak)kangen.....


grimis surup mongso rendheng
adhem hawane, kandhamu
isih katon tilas luh ing pasuryanmu
pancen aku ora duwe kacu
nggo ngusap eluhmu
apa maneh sacangkir teh
kang bisa ngangetke atimu…
nadyan ora ana ajine
ning aku tetep pengin ujar:
sesuk isih ana dina padhang
muga atimu uga bisa padhang
dene surup iki kang wus ancik-ancik wengi
dadi papan semendheyan
nyemelehke kang ngaboti pundhak
mendhung isih ngglayut
candhik ayu ora katon
apa maneh lintange panjer sore
angin sumribit ginawa adhem
dene aku tetep pengin ujar
aku, sawijine wong kang sengaja
uluk salam,
caos esem,
lan nakokke pawartamu…


*Miwiti Pebruari ,Malang

1 comments:

Cah Mbeling said...

Nggadang udan mongso rendeng.....prasasat ora kuciwa...sak akehing banyu kang runtuh...sakakehing tresana kang makantar kantar....

Post a Comment